15 Juli 2020

BAHASA JAWA KELAS 6 PENGERTIAN TEKS INFORMASI

MATERI BAHASA JAWA

BAB 1 NYLAMETAKE MAKHLUK HIDUP

 

TEKS INFORMASI 1.1

·      Teks informasi yaiku teks sing nginformasekake sawernane bab kedadean sing bener-bener kedaden. (teks yang menginformasikan segala hal peristiwa yang benar-benar terjadi).

·      Tengerane (cirine) teks informasi:

1.   Awujud fakta / bener kedadean

2.   Aktual / beritane anyar

3.   Narik kawigaten (menarik perhatian)

4.   Ana latar wektu lan panggonan (ada waktu dan tempat kejadian)

5.   Alure runtut awit awal nganti pungkasan (diceritakan urut dari awal hingga akhir)

6.   Sumber informasi jelas

7.   Basane baku lan gampang dimangerti

8.   Diceritakake kanthi cekak, padhet, lan cetha (diceritakan dengan singkat padat jelas).

·      Tuladhane Teks Informasi:

Dina Minggu warga Desa Pogung Kidul Sleman, para pria melu kerja bakti nggawe Paving Konblock. Konblock menika digawe saka campuran pasir lan semen sing dicetak lan dipepe nganti garing. Ketua RW Pogung Kidul Purwantho mbiasakake kerja bakti saben Minggu. Dene tujuanipun kanggo ganti konblock sing rusak ndek sak dawane dalan desa. Para warga gotong royong gawe konblock dene ragatipun dipundutaken saking iuran warga padukuhan Pogung Kidul ing saben wulanipun.

 

·      Teks informasi kudu iso njawab pitakonan 5W+1H:

1.   Apa (what / Apa)

Ø  Tuladha: Apa kegiatane warga Pogung Kidul Sleman dina Minggu?

2.   Sapa (who / siapa)

Ø  Tuladha: Sapa jenenge ketua RW Pogung Kidul?

3.   Kapan (when/ kapan)

Ø  Tuladha: Kapan kerja baktine?

4.   Ing ngendi (where / dimana)

Ø  Tuladha: Ing ngendi paving konbock arep dipasang?

5.   Geneya (why / mengapa)

Ø  Tuladha: Geneye kok kudu ganti paving konblock?

6.   Kepriye (how / bagaimana)

Ø  Tuladha: Kepriye carane gawe paving konblock?

DOWNLOAD DISINI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar